Thursday 19 June 2014

Kepengin Plesiran Maaak....

Maaaaak....
Inyong pengin plesiran maring luar negeri laaah....
Kaya batir-batir, cuti kang kodean, preian plesir maring luar negeri. Ya ora ketang sing paling perek, Singapura apa ngendi lah. Kayane bungah nemen ya mak....Plesirane nganggo motor mabur, nggawe paspor.

Wingi krungu batire nembe plesir maring Singapura, jere si ora larang anu lagi promo. Tapi ya tetep bae nggo sangu karo go nginep nang hotel, tibane pada bae larang. Nah miki nembe bae maca bloge batire, crita jere wulan wingi sekang  Thailand. Jannn.....inyong iri banget maak....temenan, yakin lah. Ya ora-orane aku ora cinta Indonesia, tapi ya sekali-kali inyong juga kepengin ngrasakna mlaku-mlaku nang negarane wong lia. Inyong si yakin, mesti ya tetep luwih indah Indonesia, luwih eksotik lah. 

Nang Thailand jere negeri gajah putih, akeh gajah nang kana. Lah nang Indonesia yan ana Gajah. Mandan isin jane, sing negarane dewek be inyong urung menjelajahi, eh nggaya pengin maring luar negeri. Tapi kaaannn nggo pengalaman lah yaa.... Nang Thailand jere pemandangane yahuud banget, pantai sing jere terkenal banget. Lah nang Indonesia ya ana, akeh malah. Inyong pencen seneng banget angger kon maring pantai, maring nggunug jan demen banget kueh inyonge. Tapi ya, sepisan maning tek tegasna, Inyong pengin ngrasakna mlaku-mlaku nang luar negeri. 

Jere si nggo pengalaman, mumpung esih nom. Ya jere wong si nggo menikmati hasil kerja keras, dewek duwe hak sekang hasil kerjane dewek. Ya alhamdulillah inyong wis ngode, wis ora ngrepoti wong tua, saben ndina ngode terus, kuliah terus, ya sekali-kali kepengin preian. 

Mamake: "Ya sing gemati nabung nduk, aja boros-boros, saben gajian aja langsung dientongna. Sedekah aja ngasi kelalen, ben berkah. Koe arep lunga maring ngendi-ngendia ya nganah, nggolet pengalaman seakeh-akehe, duwit bisa digolet maning. Mumpung siki bisa ya diwujudna, mamake kan ora bisa aweh sangu, tek dongakna ben kabeh kepenginanmu bisa keturutan. Kabeh mau kudu kerja keras, ora ana kepenginan sing bisa keturutan anggere koe leha-leha ora gelem usaha, udu mamake, udu bapake sing usaha, tapi koe. Koe kue bocah kuat, wis mesti bisa lah, aja gampang nyerah. Dongane mamake ora pedhot nggo kowe nduk. Rajin sholat ya."

Inyong ya rasane arep mrebes mili angger kemutan mamake. Aamiin....matur nuwun doane mak, inyong pancen butuh banget doane mamake. Mbalik maning masalah mlaku-mlaku nang luar negeri. Negara idamanku, Jepang. Tapi ya adoh nemen. Ora papa, siki ora bisa ngapa-ngapa kecuali doa. Semoga Gusti Allah ridho, nggampangna dalane inyong. Tapi tetep, tujuan utama maring luar negeri ya maring Tanah Suci, rukun Islam sing nomer 5. Aamiin... ya Rabb....



Bismillah....Inyong mesti bisa!!! Insya Allah.....

1 comment:

  1. Perkenalkan, saya dari tim kumpulbagi. Saya ingin tau, apakah kiranya anda berencana untuk mengoleksi files menggunakan hosting yang baru?
    Jika ya, silahkan kunjungi website ini www.kumpulbagi.com untuk info selengkapnya.

    Di sana anda bisa dengan bebas share dan mendowload foto-foto keluarga dan trip, music, video, filem dll dalam jumlah dan waktu yang tidak terbatas, setelah registrasi terlebih dahulu. Gratis :)

    ReplyDelete